Thursday, May 12, 2016

ojo salah golek bojo rek (gawe wadon lan lanang)



assalamualaikum wr wb. bengi iki admin share lan ngekek i tips gawe ente-ente lek arep golek bojo ben supoyo keluarga ente dadi keluarga sakinah mawaddah lan warohmah (mugo ae tulisane bener). lah tips pertama supoyo keluargamu adem kowe kudu ndelok soko agomone. kenopo kok pertama ndelok agomone ? mergo wong lanang ga kiro neko-neko lek wonge taat ning agomo. contone opo ? wong lanang ga bakal poligami lek taat agomo kecuali oleh persetujuan sing wadon. mergo opo kok leren ngenteni persetujuan sing wadon ? mergo agomo ngelarang umpomo wadon ora 100% ikhlas. 

tips ke loro di delok soko duwite. kenopo kok ora duit disek ? biasane wong lanang opo wadon lek duwite okeh tapi ora taat ning agomo duwite bakal angus. kok iso angus ? iyo gawe ngewedok opo judi lan mabuk. bener ra ? dadi lek wes agomo tepak lan sugih insya allah ora neko neko, duwite gur gawe biaya i keluarga lan amal.

tips ke telu ndelok soko rupane, loh kenopo kok duwit disik timbangane rupo ? lek wadon yo kudu soale ben iso di belonjo, tapi lek wadone sugih ora masalah, soale iso nyumbang gawe keluarga tapi wong lanang yo tetep kudu nafkahi keluargane dadi ora gur angkung angkung, lek lanang taat agomo pasti tetep kok ngerti opo tanggung jawab e.

tips ke papat ndelok soko keluargane. tapi lek jare admin umpomo anak e genah pasti bapak e isin lek arep ra genah, contone bapake dolanan togel pasti si anak bakal mringat ake. dadi lek anak e taat agomo ngerti lah ngandani bapake. 

iki gawe pelajaran lek wadon ora ndelok kriteria kyok ning nduwur. gawe pelajaran wae yo ojo sampe salah milih. oyi ? monggo disimak videone'





Comments
0 Comments

No comments:

Post a Comment